The Alien

Kamis, 16 Januari 2020

Iklan Basa Jawa

5 komentar
Materi Iklan Bahasa Jawa
Materi Iklan Bahasa Jawa

Materi Iklan Basa Jawa

          Ing jaman kemajuan, wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan. Awit saka akehe iklan, wong ngantibingung dhewe arep milih sing endi. Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik. Tegese iklan becik iku bisa aweh pitulungan, ngenthengake bot repote bebrayan. Dene iklan kang kurang prayoga iku iklan kang kayane ngentheng-ngenthengake  sanggan nyatane suwalike malah nekek gulu.

          Ing jaman sarwa modern iki, iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, pamflet, koran, ananging radio, tv, internet uga wis akeh kagunakake kango masang iklan. Salah sijine titikane iklan kang becik iku bisa dideleng saka basane. Basa iklan kang becik iku basa kang gamblang isine iklan kasebut. Saliyane saka basa kang gampang dimangerteni, iklan iku uga kudu cekak, aos, cetha lan menthes. Ora ngambra-ngambra mundhak marake bingung sing maca utawa sing krungu. Mula pamilihing basa kang trep iku uga nemtokake bobote iklan. Pamilihing basa iku bisa awujud slogan kang gampang dieling-eling dening bebrayan.

  • A. Ngrembug teks iklan
          Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake. Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro, yaiku iklan lisan lan tulisan. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho, bisa uga kacithak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayata TV lan Radhio.

          Titikane iklan kang becik yaiku jujur, obyektif, cetha, ringkes, tembunge prasaja, gampang dimangerteni, narik kawigaten, sopan, lan logis. Dene unsur-unsure iklan antarane yaiku:
  1. Jeneng barang utawa jasa kang ditawakake,
  2. Pihak utawa pawongan kang masang,
  3. Alamate sing masang,
  4. Kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kang ditawakake.
          Bahasa teks iklan iku beda karo basa teks-teks liyane. Titikane basa iklan yaiku:
  1. Migunakake slogan,
  2. Ukarane persuasi utawa mbujuk wong liya,
  3. Migunakake subjek wong kapisan.

Tuladhane iklan basa jawa.

1. 
Bapak : "Bu, bune... lha nek semarang iku panganan apa sing enak?"
Ibu      : " Lha... ya soto Bangkong kang ana ing prapatan Bangkon iku. Uenak tenan sotone, uenak garang aseme, sate kerange uga sate ayame!"
Bapak : "Waah....uenak,... kapan mangan ing soto Bangkong ya bu?"

2.
Mbutuhake buku Budaya Jawa?
Toko Buku Prasaja
Nyedhiake maneka warna buku babagan budaya jawa
Anyar lan lawas kabeh ana
Bukune pepak regane kacandhak
Alamat Kp. Jonegaran No.248 Semarang
Buka jam 10.00-17.00 WIB
Dina minggu lan dina prei liyane tutup
Buku budaya jawa ya toko buku prasaja...!

3.
Pro 4 RRI Yogyakarta
Ngleluri budaya jawa
Frekwensi Am 1107 KHz
Program pendhidikan lan budaya
Acara :
-Kethoprak
-Wayang kulit
-Uyon-uyon Manasuka
- Sandhiwara Basa Jawa

  • B. Nulis Teks Iklan
          Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane nggawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan ing ngisor iki.
  1. Sing dituju kudu cetha,
  2. Sing ngirim kudu cetha,
  3. Barang utawa jasa sing ditawake kudu cetha,
  4. Narik kawigaten sing maca,
  5. Nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca,
  6. Nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake,
  7. Bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake,
  8. Nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.
  • C. Carane Nulis Iklan
  1. Temtokna ancase iklan (nawakake barang utawa jasa)
  2. Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur-unsure pawarta (jeneng barang utawa jasa, sing gawe iklan, alamat, kahanan utawa manfaat).
  3. Ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang saroja, cekak, mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten.

  • D. Nyuguhake Teks Iklan
          Maca teks iklan tegese menehake informasi marang wong liya. Supaya isine bisa ditampa kanthi wutuh, dening pamering, becike nggatekake babagan ing ngisor iki:
  1. Paham isine iklan. Kalebu basa, uga pangucape tembung kang rinakit ing teks iklan.
  2. Swara sarta pangucaping tembung kudu cetha lan trep
  3. Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake.
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2

Read more...

Rabu, 15 Januari 2020

Pranatacara

12 komentar
Pranatacara Bahasa Jawa

Pranatacara

          MC utawa Master of Ceremony mengkono istilah sing misuwur tumraping pranatacara. Pranatacara kajibah nglantarake titilaksana upacara pasamuan, temanten, lan sapanunggalane. Basa sing diwnggo pranatacara gumantung karo upacarane. 



Pranatacara, yaiku paraga kang nduweni jejibahan nglantarake titilaksana ing acara.

  • A. Maca lan Nanggapi Teks Pranatacara
          Gatekna pethilan teks pranatacara ing ngisor iki!

Assalamualaikum Wr.Wb
          
          Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkakng pantes pinundhi.

          Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.

...

          Caos uniga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qabul pra pinanganten, nun inggih Rara Ayu Fitri Kusuma putrinipun Bapa Joko Susena ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus Ganes Sri Narendra putra kakungipun Bapa Agus Dahlan ingkang lenggah wonten Sekayu Semarang, sampun kelaksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda duk nalika dinten Selasa, 29 Maret 2019 wanci tabuh 09.00 mapan ing Sekayu.

          Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rirancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih : 
  1. Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasana busana;
  2. Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten;
  3. Atur pambagya yuwana saking hamengku karsa
  4. Ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha panampining putra temanten;
  5. Adicara ingkang angka gangsal sabdatama
  6. Wondene pratandha purnaning pahargyan saking kulawarga mingangka peran para.\
          Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kaliyan urut reroncening tata upacara ingkakng ugi karana sampun paripurna risang pinanganten sarimbit anggenya hangadi salira mulas wadana.
          Jengkaripun temanten sarimbit saking sasana busana....

  • B. Nemokake Isi Pokok Teks Pranatacara
          Isi teks pranatacara ing ndhuwur, yaiku:
  1. Teks pranatacara kasebut ngandharake titi laksana ijab qabul
  2. Acara binuka kanthi sowane temanten sarimbit, waosan Kalamullah, atur pambagya hamengku karsa, pasrah, sabdatama, lan paran para.
  • C. Mbedhah Kaidah Pranatacara
          Urut-urutane teks pranatacara:
  1. Salam pambuka;
  2. Atur pamuji;
  3. Atur kasugengan, karing atur panuwun;
  4. Wedharing gati;
  5. Atur nyuwun pangapura;
  6. Panutup;
  7. Salam Panutup.
  • D. Maca Teks Pranatacara
          Supaya anggone maca teks pranatacara gampang dimangerteni, kudu nggatekake babagan ing ngisor iki:
  1. Pangucapane kang trep
  2. Pamedhote ukara kang trep
  3. Intonasi, nada, lan tekanan kang trep
  4. Mangerteni tandha wacan kanthi trep
  5. Swara kang cetha
  6. Ngatur alon lan cepete pamaca
  7. Ngolah treping mlebu wetuning napas
  8. Mahami wacan
  9. Pracaya marang dhiri pribadi
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1
Read more...

Selasa, 14 Januari 2020

Serat Tripama

11 komentar
Pupuh Dhandhanggula

Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula.

          Serat Tripama iku anggitane Sri Mangkunegara IV Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangku-Negara IV. Tembung serat tegese tulisan utawa karya, tripama tegese tiga tamsil utawa tiga teladan. Serat Tripama nyaritakake watake:

1. Kumbakarna, raseksa awatak satria sing ora gelem mbela kangmase, Dasamuka, Raja Ngalengka sing angkara murka. Kumbakarna netepi "tekad satria" ngurbanake jiwa raga kanggo mbela negarane sing diserang mungsuh.

2. Bambang Sumantri utawa Patih Suwanda ing negara Maespati sing kondhang kekendelane lan bisa ngrampungake jejibahan sing abot kanthi tanggung jawab.

3. Suryaputera utawa Karna ing Ngawangga sing netepi janji kanthi sumpah satria kanggo mbales budi Prabu Kurupati, raja ing Astina kanthi ngurbanake jiwa mungsuh Arjuna, adhine nunggal ibu.

          Watak kasebut arupa tembang macapat Shandhanggula 7 pada. Serat kasebut dijupuk saka crita pewayangan Ramayana lan Mahabarata.

  • A. Maca lan naggapi teks serat tripama pupuh Dhandhanggula 

Dhandhanggula

Yogyanira kang para prajurit,

Lamun bisa samya anuladha,

Kadya nguni caritane,

Andelira sang Prabu,

Sasrabau ing Maespati,

Aran patih  Suwanda,

Lelabuhanipun,

Kang ginelung tri prakara,

Guna kaya purun ingkang denantepi,

Nuhoni trah utama.


1. Pupuh Dhandhanggula ing Serat Tripama ngemot tembang cacahe 17 pada (bait). Sapada tembang Dhandhanggula kiwa iki kawitan saka tembung yogyanira tekan tembung utama.
2. Guru gatra yaiku wewaton cahacahe larik saben sapada. Guru gatrane tembang Dhandhanggula ana 10.
3. Guru lagu yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa sukon-wulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang Dhandanggula yaiku i, a, e, u, i, a, u, a, i, a.
4. Guru wilangan yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) saben sagatra. Guru wilangane tembang Dhandhanggula yaiku 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7.
5. Guru wilangan lan guru lagune tembang Dhangdhanggula ditulis : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a.

  • B. Mbedhah perangane Serat Tripama pupuh Dhandhanggula
           Kaya kang diandharake ing dhuwur, tembang Dhandhanggula iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra cacahe 10 gatra. Gatra sepisan, gatra kapindho, lan sapiturute kabeh ana aturane. Yen ora cocog karo salah siji wae saka aturan iku, tegese dudu tembang Dhandhanggula. Jlentrehe kaya ing ngisor iki.

Cakepan (Syair)
Guru Wilangan
Guru Lagu
Ditulis

Yog/ya/ni/ra/ kang/ pa/ra/ pra/ju/rit/
10

I
10i
La/mun/ bi/sa/ sam/ya/ a/nu/la/dha/
10
A
10a
Kad/ya/ ngu/ni/ ca/ri/ta/ne/
8
E
8e
An/de/li/ra/ sang/ Pra/bu/
7
U
7u
Sa/sra/ba/u/ ing/ Ma/es/pa/ti/
9
I
9i
A/ran/ pa/tih/  Su/wan/da/
7
A
7a
Le/la/bu/ha/ni/pun/
6
U
6u
Kang/ gi/ne/lung/ tri/ pra/ka/ra/
8
A
8a
Gu/na/ ka/ya/ pu/run/ ing/kang/ de/nan/te/pi/
12
I
12i
Nu/ho/ni/ trah/ u/ta/ma/
7
A
7a


  • C. Nulis cakepan tembang Dhandhanggula
     Nulis tembang macapat, kalebu tembang Dhandhanggula iku kudu manut aturan kang gumathok. Aturan kang gumathok iku kaya kang disebutake ing dhuwur, yaiku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Supaya bisa nulis cakepan tembang macapat (Dhandhanggla), wiwitana kanthi gawe ukara bebas. Ukara bebas mau banjur dicocogake guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Carane bisa kanthi ngowahi tembung-tembunge utawa ngowahi papane tembung. Cara-cara iku kayata: purwakanthi swara, purwakanthi sastra, yogyaswara, baliswara, dasa nama, tembung saroja, lan sapanunggalane.

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa


Read more...

Teks Dheskripsi

3 komentar

Teks Dheskripsi Babagan Busana Jawa.

          Ajining dhiri gumantung kedaling lathi, ajining sarira mapan ana ing busana. Ngono iku unen-unen jawa supaya wong jawa ngati-ati anggone padha muna-muni lan ngetrepake busana utawa pakean. Busana kejawen kang genep mungguhe wong lanang dumadi saka wolung werna. Wolung werna iku urut saka dhuwur, yaiku blangkon, beskap, keris, cindhe, tagen, epek, timang, jarik, lan selop.


  • A. Maca lan nulis teks dheskripsi babagan busana jawa
          Teks dheskripsi yaiku paragraf sing ide utama ditulis kanthi jelas babagan obyek, papan, utawa acara sing dadi topik sing maca. Ing ngisor iki tuladane teks dheskripsi ringkes babagan busana jawa.

Busana Adat Jawa
          Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku blangkon, beskap, stagen, keris, cindhe, epek, timang, jarik, lan selop. 
          Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet utawa kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkingan utawa curiga dumadi saka pitung perangan uga. Pitung perangan keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong, wilah/katga/parung, pendhok, lan ganja.


  • B. Nulis teks dheskripsi babagan busana jawa kanthi ragam basa kontekstual
          Teks dheskripsi iku digunakake kanggo njlentrehake samubarang kanthi nerangake ciri-ciri kang katon. Titikane teks dheskripsi yaiku tatanane (strukture) ana katrangan bab kang didheskripsikake lan perangan kang didheskripsikake, tuladane ing ngisor iki.




Bab kang didheskripsikake
 Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku blangkon, beskap, stagen, keris, cindhe, epek, timang, jarik, lan selop. 



Perangan kang didhesripsikake
 Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet utawa kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkingan utawa curiga dumadi saka pitung perangan uga. Pitung perangan keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong, wilah/katga/parung, pendhok, lan ganja.




  • Maca teks dheskripsi babagan busana jawa kanthi nyuwara
          Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa maca kanthi suwara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Menawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kayata ing televisi), kejaba perkara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur (komuikatif).

          Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kapenak, ora keseron yo ora kelirihen. Kang dikarepake kedal cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu cetha bedane. Unjal napas iku yen ing basa indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.

Sumber : Gegayutan Nyinau Basa Jawa





          

Read more...

Geguritan

4 komentar
          Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.

  • A. Maca lan naggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane
                  Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.
1. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni.
2. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sugeg (//)
3. Golekana tegese tembung tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
4. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.

                 Menawa cara-cara kasebut wis kalakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju (sarujuk), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan)


Sing Ilang Yo Ben Ilang


Saumpama kowe ngerti isi atiku


Kowe ra bakalan ngilang


Kaya pedhut esok kang ilang kesaput srengenge


Kaya embun kang netes siya-siya ono lemah garing


Kang nambah netese eluh ing pipiku iki


Kabeh iku ora kena digetuni


Sebab anane jodho, pati lan rejeki


Kuwi wes digarisake marang Gusti


Sing ilang yo ben ilang


Sesok yo bakalan enthuk ganti kang luwih


Ingkang luwih becik luwih eman


Merga ra bakalan kok gayuh maneh


Wes cukup sakmene anggone riwayat


Kanggo saksine ana lelakone urip


Kowe lan aku kudu nrima lan legawa


Ikhlas kanthi nglakoni


Ora oleh misuh


Iki kabeh sing Kuasa anggone ngatur


  • B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
                 Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bsa nemokake tuntutan kang gegayutan karo kahanan.

  • C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan
                Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika utawa bebas. Supaya ana gondhelan, perlu kogatekake bab-bab kaya mengkene.

1. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggalane.
2. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah lan becik.
3. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggalane).
4. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggalane.

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3

Read more...