- A. Maca lan naggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane
Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.
1. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni.
2. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sugeg (//)
3. Golekana tegese tembung tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
4. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
Menawa cara-cara kasebut wis kalakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju (sarujuk), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan)
Sing Ilang Yo Ben Ilang
Saumpama kowe ngerti isi atiku
Kowe ra bakalan ngilang
Kaya pedhut esok kang ilang kesaput srengenge
Kaya embun kang netes siya-siya ono lemah garing
Kang nambah netese eluh ing pipiku iki
Kabeh iku ora kena digetuni
Sebab anane jodho, pati lan rejeki
Kuwi wes digarisake marang Gusti
Sing ilang yo ben ilang
Sesok yo bakalan enthuk ganti kang luwih
Ingkang luwih becik luwih eman
Merga ra bakalan kok gayuh maneh
Wes cukup sakmene anggone riwayat
Kanggo saksine ana lelakone urip
Kowe lan aku kudu nrima lan legawa
Ikhlas kanthi nglakoni
Ora oleh misuh
Iki kabeh sing Kuasa anggone ngatur
- B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bsa nemokake tuntutan kang gegayutan karo kahanan.
- C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan
Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika utawa bebas. Supaya ana gondhelan, perlu kogatekake bab-bab kaya mengkene.
1. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggalane.
2. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah lan becik.
3. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggalane).
4. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggalane.


4 komentar:
mantap mantap
Mantul mas👍
bermanfaat banget
👌
Posting Komentar