Teks Dheskripsi Babagan Busana Jawa.
Ajining dhiri gumantung kedaling lathi, ajining sarira mapan ana ing busana. Ngono iku unen-unen jawa supaya wong jawa ngati-ati anggone padha muna-muni lan ngetrepake busana utawa pakean. Busana kejawen kang genep mungguhe wong lanang dumadi saka wolung werna. Wolung werna iku urut saka dhuwur, yaiku blangkon, beskap, keris, cindhe, tagen, epek, timang, jarik, lan selop.
- A. Maca lan nulis teks dheskripsi babagan busana jawa
Teks dheskripsi yaiku paragraf sing ide utama ditulis kanthi jelas babagan obyek, papan, utawa acara sing dadi topik sing maca. Ing ngisor iki tuladane teks dheskripsi ringkes babagan busana jawa.
Busana Adat Jawa
Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku blangkon, beskap, stagen, keris, cindhe, epek, timang, jarik, lan selop.
Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet utawa kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkingan utawa curiga dumadi saka pitung perangan uga. Pitung perangan keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong, wilah/katga/parung, pendhok, lan ganja.
- B. Nulis teks dheskripsi babagan busana jawa kanthi ragam basa kontekstual
Teks dheskripsi iku digunakake kanggo njlentrehake samubarang kanthi nerangake ciri-ciri kang katon. Titikane teks dheskripsi yaiku tatanane (strukture) ana katrangan bab kang didheskripsikake lan perangan kang didheskripsikake, tuladane ing ngisor iki.
Bab kang didheskripsikake
Busana
kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku blangkon,
beskap, stagen, keris, cindhe, epek, timang, jarik, lan selop.
Perangan kang didhesripsikake
Blangkon
lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon
ana pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet
utawa kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa
wangkingan utawa curiga dumadi saka pitung perangan uga. Pitung perangan
keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong, wilah/katga/parung,
pendhok, lan ganja.
- Maca teks dheskripsi babagan busana jawa kanthi nyuwara
Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa maca kanthi suwara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Menawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kayata ing televisi), kejaba perkara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur (komuikatif).
Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kapenak, ora keseron yo ora kelirihen. Kang dikarepake kedal cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu cetha bedane. Unjal napas iku yen ing basa indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.
Sumber : Gegayutan Nyinau Basa Jawa

|

3 komentar:
bermanfaat bangett kak
nice
Top
Posting Komentar